Pages

JALMA MARA , JALMA MATI

Jagat iki ana, ana kang jaga !” aku isih eling marang kandhamu, tatkalane lemah dadi kawahing antarane suroboyo medion banjur krasa ana kang gosong ing batin batin panguripku, ngegirisi marang daya lantipkukaya gosonge areng klapa kang wus ilang wawakaya jasad kang limpad kelangan nyawa... .

Friday, 6 July 2012

MANGSA NGERTIA

Ditangisana mangsa`weruha dioyak mangsa ngertia ora bakal mandheg tumoleh saderma miling tembung warisan   Ora kleru, ngetut lakune jaman mbujung impen lan kekarepan awit jantraning ngaurip manut obah osiking kahanan   Pitakonku nganti kapan anggonmu lumayu nganti ancik-ancik menara gadhing  Ngemut legine gula eman nglepeh yen manis dirasa   Oja dadi pepalang tembung kang karungu terus, terusa jumangkah mapag esem guyu wanti-wanti elingku: keduwung tibane mburi. (PS-24/20...

YEN SABEN KANGEN

Yen saben kangen tambane rangkul-rangkulan sliramu lungset ing rangkulanku yen saben kapang obate ambung-ambungan lambeku memet jroning lambemu yen rangkul-rangkulan lan ambung-ambungan  Wis dadi pakulinan apa wis tuntas kangen lan kapang? kulitku lan kulitmu sakala mlepuh jalaran kulit kesinungan rasa  Mula lilakna kangenku angkrem ing angen-angen lan kapangku ngrembyang ing awang-awang amrih kulitku lan kulitmu tetep jinaga ora kobong dening ubaling geni asmara (antologi Pisungsung, 19...

SINAU MARANG ALANG-ALANG

Pingin dak cecepi embun kang mrentul ing saben pucuk alang-alang supaya ati tansah teles memes sak durunge srengenge jumedhul nyebar cahya marang sesuketan sak durunge sumelet nrobros dhadha gampang rengka   Sak durunge dhadha rumpeg gampang cubriya sak durunge ati runtik lan melik   Embun-embun nelesi gegodhongan saka lebu aku lingsem kaya watu-watu ndlesep nylamur pandulu ing sangisore ngrembuyung alang-alang   Dudu alang-alang kang ngumpetake watu-watu memalangi ombere alang-alang lemah-lemah kang kena pepalang kanggo pandhelikan satu gegremetan   Pengin dak cecepi embun kang mrentul ing saben pucuk alang-alang supaya...

TEMBANG TENGAH WENGI

Angin sumilir mbeset kulit Ing tengah wengi kang saya wingit Bun padha kumlawe ngawe-awe Jangkrik wis leren ngerik Mung manuk dares sing isih methangkring ing kabel telpon Ngarep kontrakanku… Kanca-kancaku wis padha turu Kari aku ing ngarep komputer Ngrungokake sekar macapat Ing tengah weng iki Pamujiku muga ora lali Marang omah iki Sing nguntabake sakabehe pangimpen Dadi kasunyatan jati.   (Andi Kos...

Pages 371234 »
Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More