Pages

JALMA MARA , JALMA MATI

Jagat iki ana, ana kang jaga !” aku isih eling marang kandhamu, tatkalane lemah dadi kawahing antarane suroboyo medion banjur krasa ana kang gosong ing batin batin panguripku, ngegirisi marang daya lantipkukaya gosonge areng klapa kang wus ilang wawakaya jasad kang limpad kelangan nyawa... .

Monday, 25 April 2011

GARA GARA BAKAL TUMAPAK

nuswantara kang nandang prihatin akeh kawula cilik kang lungguh dingklik ongklak-angklik disenggol sithik njempalik akeh para penggede lungguh ongkang-ongkang angedangkrang nglumpukake bandha tanpa kendhat lali purwa duksina kawula cilik uripe kesrakat di men padha gelut, paten pinaten ludira wus kebanjur tumetes, sukma wus kebanjur pecat apa wus wancine surup lan teka titi mangsane? gara-gara bakal tumapak? Di Coppy : Ki Gede Maymintar...

IMPEN SARWA BISU

Sliramumau bengi teka ing impenku tanpa gunem tanpa esem lungguh ing ngisor wit pelem aku amung bisa nyawang saka kadohan uga tanpa gunem tanpa esem ana rasa rinujit ninggalake tatu apa kapangku kudu tak bungkem ana saktengahing petenging wengi impen sarwa bisu nggoda kapangku sing wis tak pendem jero impen tanpa gunem tanpa esem Di Coppy : Ki Gede Maymintar...

Ing Taman Tanpa Rembulan

Dak waca layangmu kang mau sore tumeka nalikane angreronce wewayanganmu kang dumadakan terwela kagawa kekesing angin sore mangsa ketiga isih ana taman iki kang dadi seksi kala samana angrantu janji tumekaning purnama sidi aku lan sliramu sesandhingan engga madyaning ratri ora lila sajroning rasa ing nalikane esuk tumeka buyarake gedhene kahyuna kamangka ingdalem sawengi namung peteng lan arum ganda mlathi kang angambar sajroning ati ngetutke lumayune rodha ninggalake taman gegandhengan miyak rasa tumuju kisik segara kembeng kaca kaca nalika abot ngeculke tangan kang keket gegondhelan pamitan yen iki dina pungkasan ewuh aya pambudiku ninggal...

Pages 371234 »
Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More