Pages

Wednesday 5 October 2011

KEKASIH SUTRESNAKU

Binareng kembeng-kembeng waspa ing mripat
Dak sawang urubing dahana tansah mbulat
Ngupaya nylamur pangeling-eling ngegla ing dada
Sarimbit karo sliramu kang saiki datan ana

Saiki aku amung ijen dhewe tanpa kanca

Ing satengahe urip kang sepi nalangsa
Dhewekan, tanpa sliramu ing sisihku
Dhuh, larane rasa atiku
Aku mbok tinggal lunga
Panangisku ijen jroning sungkawa

Saptasa dina aku isih brangti

Ing sawalike lawang kamarku sepi
Kelingan prastawa endah tansah sesandingan sliramu
Lelakon kawuri bebarengan karo aku
Arep daksimpen jroning kalbu
Kekasih sutresnaku

Pocapan pepisahan kumecap ing lathiku

Muga-muga ngirid langkahmu ing papan katuju


(karya: Hefi Rahayu)

(Puisi: “Kekasih Terbaikku” pernah dimuat dalam koran Kedaulatan Rakyat Yogyakarta )


Sumber : http://semesem.com

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More