Pages

Monday, 9 January 2012

Ngabekti Dumateng Tiyang Sepuh Ngupadi Kebahagiaan Ing Agesang

 
Wonten ing agesang kita tansah ngadahi pengajeng-ajeng ingkang inggil lan menika sampun kinodratring menungsa bilih raos dereng cekap lan dereng rumaos marem dumateng menapa ingkang sampun dipun gadhahi sak menika, sak jatosipun raos kebahagiaan menika sanes raos marem (mongkog ing manah) amargi sedaya panjangkaning kajeng saget kasembadan ananging kebahagiaan gesang ingkang sejati inggih menika kados pundi kita saget mensyukuri dumateng menapa ingkang sampun kita raosaken sak meniko. Dados anggadahi raos syukur dumateng sedaya ingkang sampun saget kita nikmati menika sak jatosipun kebahagiaan ing agesang.

“bahwa kepuasan dan kebahagiaan dalam hidup bukanlah terpenuhinya semua keinginan akan tetapi bagaimana kita mensyukuri apa yang telah kita nikmati selama ini.”

Sanesipun menika menawi anggadahi pepinginan supados nglampahi gesang saget, tata tentrem, raharja ugi kasembadan ingkang dados panjangkaning gesang namung cekap gangsal perkawis kedhah saget kita sami lampahi :
 

1.Ingkang Kapisan inggih menika, komunikasi kaliyan tiyang sepah kekalih kanthi sae, wonten ing hadits dipun sebataken bilih maringi dumateng tiyang mu’ min salah setunggalipun kanthi shadaqah, lakung utami maringi lan mbagi kebahagiaan ugi raos bungah dumateng tiyang sepah kekalih. Wonten ing ular-ular rikala dados pinanganten dipun aturaken bilah kakung kedah tumindak sae lan tresno dumateng pawestri, mila meniko dumaten tiyang sepah kekaleh kedah langkung sae lan langkung nresnani dipun bandingaken dumateng pawestri. Karena ingkang nglairaken, nggulowentah, ndidik kitha sami ugi ingkang tansah maringi donga pangestu dumateng kita mboten sanes inggih tiyang sepah kekalih, menapa ingkang dipun paringaken tiyang sepah dumateng kita sami mboten saget dipun ganthos kaliyan menopo kemawon.
 

2.Ingkang angka Kalih, menawi rembakan kaliyan tiyang sepah kanthi ukura ingkang alus nglembah manah (lemah lembut). Temtunipun saget mbentenaken rembakan kaliyan tiyang sepah lan rembakan kaliyan anak, rencang, sederek lan utami kaliyan tiyang sanesipun. Rembakan kanthi tembung ingkang sae dumateng tiyang sepah, ampun ngantos gadah pangucap “”ah”".. “”ugh”" menapa malih ngantos miyos tembung ingkang ndamel manahipun tiyang sepah ngantos muwun, kuciwa, menawi ngantos kelampahan, wal iya ‘udzubillah. Ampun ngantos wicanten ingkang kasar dumateng tiyang sepah kekalih, kados menapa tumindakipun tiyang sepah dumateng kita, umpami tiyang sepah ngantos tumindak jahat dumateng kita, utawi wonten hak kita ingkang ditahan kaliyan tiyang sepah utawi tiyang sepah ngantos nglarani kita ampun ngantos kita tumindak durhana dumateng tiyang sepah.
 

3.Ingkang Kaping Tiga inggih meniko tansah Tawadlu (rendah diri), ampun kikir (sombong) umpami sampun kasembadan menapa ingkang sampun dipun kajengaken utawi sampun nggadahi jabatan ing ngalam donya menapa maleh ngantos supe dumateng tiyang sepah, karena rikala lair kita menika wonten ing kawontenan ingkang hina ugi mbetahaken pitulungan. Tiyang sepah kekalih ingkang maringi pitulungan dumateng kita maringi sedaya ingkang kita sami betahaken (unjuk-an, dahar-an saha pakaian ugi panggenan ingkan sae). saumpami kita nindakaken pendamelan ingkang kita anggep entheng ugi ngremehaken kita ingkang mbok bilih mboten cocok kaliyan kesuksesan utawi jabatan kita lan mboten ka-golongaken tumindak haram, hukumipun wajib dumaten kita sami tansah taat lan sendiko dawuh dumateng tiyang sepah. Dipun lampahi kanthi manah ingkang remen, amargi mboten ndadosaken mandapipun drajat kita sami. Injih meniko salah setunggalipun kesempatan kita tumindak sae dumateng tiyang sepuh mumpung taksih sugeng.
 

4.Ingkang Kaping Papat, tansah maringi infak (shadaqah) dumateng tiyang sepah, amargi bandha donya ingkang kula panjenengan gadahi menika kagunganipun tiyang sepah ugi, pramila menawi anggadahi rejeki ingkang luwih, ingkang paling utami inggih menika paring nafkah dumateng tiyang sepah kekalih, nembe dumateng sedherek lan tiyang-tiyang ingkan mbetahaken.
 

5.Ingkang Kaping Gangsal inggih meniko tansah nyuwunaken do’ a dumateng Gusti Allah SWT katur dumateng tiyang sepah kekalih kados ingkan kesabat wonte ing salah setunggaling ayat “Robbirhamhuma kamaa rabbayaani shagiiro” (Duh Gusti Allah Ingkan Kuasa mugi ngapunten-o kulo, tuwin Ibu lan Rama ingkang nggulawentah kulo wiwit alit ngantos dewasa).

Sak-umpama tiyang sepah sampun tilar donya, bab-bab ingkang saget kita lampahi kagem ngabekti dumateng tiyang sepah inggih meniko :
Ndo’ aken tiyang sepah kekalih;
Nyolataken rikala tiyang sepah tilar donya surup ing kasedan jati;
Tansah nyuwunaken pangapunten kagem kekalihipun
Nglunasi utang-utang-ipun
Nindakaken menapa ingkang sampun dipun wasiataken ingkang mboten nerak syari’at.
Tansah nyambung tali silaturrahmi dumateng sinten kemawon ingkang tiyang sepah ugi nate anggadahi silaturahim

Insya allah kanthi nglampahi punapa ingkang katur ing ngajeng gesang kita sami saget ayem tentram, raharja, ugi kasembadan punapa ingkang dados pangajeng-ajeng kula sami, karana kanthi doa lan pangestu tiyang sepah menapa ingkang dados pepinginan kita sami saget kasembadan, mugi seratan menika wonten manfaatipun kagem kula pribadi khususipun lan para maos umum-ipun, matur suwun.


Sumber (Kitab Birrul Walidain, edisi Indonesia Berbakti Kepada Kedua Orang Tua oleh Ustadz Yazid bin Abdul Qadir Jawas, terbitan Darul Qolam – Jakarta)

http://www.ekasulistiyana.web.id

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More