kayungyun duk samana nalika dak sawang
runtut gunemmu
dakik-dakik seratanmu ing nawala
aku ngerti, merga suket godhong lan rembulan
dadi mitramu sejati
rina wengi tan bisa goling
aku rugi.......
merga aku lali
banjur....
tresnaku kaseret pedhut
surup....
esuk....
lan kapan wae
mesthi bakal ana wayah manembah
pucuking angen-angen
TRESNAKU ndak sok mring GUSTI....
sumbere : http://www.wonosari.com/t5319p15-geguritan-puisi-boso-jowo
0 comments:
Post a Comment