Pages

Wednesday 9 February 2011

KATRESNAN JATI



 
 
katresnan sejati iku mung ngayawara
Rama tegel merjaya Shinta ing pati obong
(mung kanggo bukti sihing tresna)
Yen ngono katresnan jati iku lelandhesan cubriya???

dudu.... dudu....
kaca benggala sing salah
kaca benggala sing bubrah

nanging ngapa isih kaanggep omah
kanggo ngeyup pepayung langit biru
kanggo lelumban ing samudra biru
marang jalma kang ketaman ati biru?

katresnan jati iku kadya caritane lelembut
kerep den blabarake
angel den sunyataake

katresnan jati nora nyawang sendanging tirta
nyemplunga saraga jiwa...
UNJUKEN!!!!

 
 
 
 
_________________
SUMBERE  : http://www.wonosari.com/t5319p15-geguritan-puisi-boso-jowo
 
"jenggot community"(komunitase wong ngingu jenggot)

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More