Pages

Monday 30 April 2012

SANG DONO ROJO NAGIH JANJI

Rama,
Sebab apa kabeh dadi malik grembyang?
Apa marga Sukesi ngidham Sastra Jendra,
dene amung Rama kang bisa medhar?
Apa dewa kang ora lila
yenta bakal ana manungsa ngerti marang wadining ngaurip?

Rama,
ora ateges putramu duraka,
murang tata marang wong tuwa
nanging putramu mung bakal minta adiling Brahmana
wus kinucap yenta Sukesi bakal dadi sisihanku
tan kanyana Rama cidra ing janji,
melik darbeking liyan
tan bisa meper karep kang kurang prayoga

Rama,
iku dudu sipating Pandhita
iku watek budi candhala
sipating Brahala kang tansah ngumbar angkara murka
kinarya prasapa kinucap king panasing kalamangsa
kang cinarita bakal ngambra-ambra
nganti tekan suruting jagad

Rama,
putramu tan bakal narima
iki dhadhane Danaraja
iki putrane Wisrawa
kang cinidra larasmara
badhar king sastra kawedhar
layu king mantra pangruwating diyu

Dhuh Dewa,
endi kang bakal kok bela
Rama apa Putra….
 
Sumber : http://xadom.blogspot.com

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More