Pages

Monday 18 April 2011

Rinengkuh

Dalu cumondhok ing galih,
Geter kalbu kagubel raos sih,
Yagene meksa gemang nlesih,
Saikine poyang-paying kabuncang perih.


Nadyan kuwasa ngripta wileding ukara,
Tangeh bisa selak ing rasa,
Lamun arsa kagawa ngulandara,
Mendah nora kondur cinancang ndriya.


Wus manuta rinengkuh asmara,
Sesandhingan tumuli wredha,
Kawuningana sajroning tresna,
Jatining warnamu kang tuhu mulya.
 
 

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More