Pages

Sunday 13 March 2011

TRAPAS-TRAPAS CATUR SASTI KAHANAN JATI

1. Kejaten iku elok, awig banget, jembar lan kabet tan kena ginayuh ing budi. Tanpa wates lan tanpa wangenan, tan kena kinaya ngapa.

2. Eloke maneh ing Kejaten ana kahanan kang sinebut Lahir lan Batin. Dene ing antaraning Lahir lan Batin iya iku kang den arani Kang Ora Kena Kinaya Ngapa dening menungsa.

3. Ora ana apa-apa, kang ana mung Ingsun, Ingsuning Ingsun, Kang Yasa Ingsun, iya iku Hyang Hana Tan Hana nanging pasti anane, tanpa kawitan tanpa pungkasan, jumeneng kalawan Pribadi, sabab karana sakabehing sabab, sangkan paraning dumadi.

4. Kejaten iku ora nandhang, ora kelepetan dening apa bae, tanpa arah lan tanpa prenah, nanging andhok ing sakbehing arah lan sakabehing prenah.

5. Kang ana ing Kejaten iku Ingsun, Ingsuning Ingsun, Kang Yasa Ingsun, iya iku Hyang Hana Tan Hana, Pribadi, Dhawak, AKU, Jumeneng lan Jejer ing sakabehing kadadeyan utawa sagung dumadi. Iya iku kang di puji-puji, di sembah-sembah, di gandrungi, di senengi, di bekteni dening sagung tumitah - alam saisine.

6. Patrape menungsa manjing ing Kejaten iku mung Sembah Hyang, lire pasrah iya iku masrahake jiwa raga pati uripe nyawa suksmane, pasrahe wis tan pasrah, iya iku MENENG. Dadi iya mung meneng thok iku patrape menungsa manjing ing Kejaten.

7. Manjinge menungsa marang Kejaten iku sarana nirmala, tegese sirna kamanungsane dening kuwating pangesthi kanthi tekad sawiji. Sasirnaning kamanungsane banjur kagentenan ing ananing Kejaten. Saka obah marang MENENG, saka cipta marang Kang Nyipta, saka kedadeyan marang Kang DADI, saka sulap marang Kasunyatan, saka warana marang Kang Yasa Warana, saka panggorohan marang Kejaten. Sanadyan satemene ora kena kaanggep manjing, sabab Kahanan jati ora kapanjingan/ora kawoworan, nanging SUCI MURNI TETEP LANGGENG ANANE. Dadi manjing iku iya mung dumunung ing gampanging tembung.

8. Ing Kejaten ora ana elor kidul, wetan kulan, ngisor dhuwur, ngarep mburi, kiwa tengen, iki iku ika, kene kono kana, mbiyen saiki mbesuk, kowe aku dheweke, tengah lan pinggir lan sapanunggalane.
9. Pangesthi marang Kejaten, rasa pangrasaning manungsa iku wewijanganing PRAMANA, iya iku uwiting cipta lan rasa kang kumambang ing PRIBADI, kaya kumambanging Cahya ana ing kawat kang mencorong.

Pramana binasakake Pengilon kang BENING tanpa tandhing tanpa upama, awit sipating Kejaten katon dening PRAMANA, kaya wong ngilo ndulu rupane dhewe. Pribadi (JATI) iku Blegere, wadhahing Pramana. Maligining Pramana saka lenyeping cipta lan rasa, nyataning Pribadi saka lenyeping PRAMANA. Lenyep gumantung ing : * HENENG *. Rumangsa gumantung ing : kuwating penganggep kanthi tekad. Ana gumantung ing : * Pangesthi *. Sirna gumantung ing : * Lali *. Yen kang kaesthi wadhage, mesthi ora nglegewa marang Kejatene, banjur Pribadi, Kejatene ora kaanggep ana, tegese ora rumangsa yen kumambang ing Pribadi. Dene yen kang kaesthi kanthi mestuti mung Kang Pribadi (JATI) temahan si wadhag lenyep utawa luluh ora karasa ing dalem cipta (lali) sing mung kari Jatine Pribadi sunyataning sunyata ing Rahsa Jati.

10. Poma den awas den eling, yen kang katon gumelar iku sejatine mung lan nembe ayang-ayangan kang ana ing sajeroning PANGILON-NE PRIBADI, dadi katut kalebu marang ayang-ayangan sajeroning Pangilon utawa PRAMANA, lali marang PANGILONE (PRAMANA) luwih-luwih marang Kang Ngilo. Sanadyan ananing ayang-ayangan gumantung marang Pangilon/Pramana sarta ananing Pangilon/Pramana gumantung ananing Pribadi. Yen kang kaesthi Pribadine, iya iku Jatine, salaline marang ananing wadhag/agal sing ana kari PRAMANA, weruh marang Pangilone, iku aran SARIRA PRAMANA. Semono uga kasumurupan yen mengku ayang-ayangan katon gumelar, mung bae ora ka-anggep wujud, awit tetela yen kang katon gumelar iku ciptaning Pribadi. Sateruse Sang Sarira Pramana isih wenang nggayuh k a s a m p u r n a n. Manawa pangesthine marang Kejaten kuwawa nyirnakake (Lali) Pengilon, kari Kejaten Kang Ana, iya iku Pribadi Kang Ngilo, semono uga ora bakal kesamaran yen wis mengku Pengilone dalah ayang-ayangane kang katon gumelar. Mulane kena di arani werid, rungsid, alus, lembut-lembuting lembut.

11. Sanadyan mengkonowa kaya kang kapratelakake ing dhuwur iku, aja nganti kaliru ing panemu yen menungsa bisa nyatakake Kejaten, sebab satemene ora ana menungsa kang bisa nyatakake Kejaten, sejatine kang bisa nyatakake Kejaten iya KEJATEN, menungsane mung kaperbawan/kadayan bae saengga mahanani budidayane menungsa. Dadi mung PERBAWANE kang mahanani katemahaning sujanmi. Awit mungguh sanyatane kang aran wong iku ora ana. Sing peparab Soerjabrata, Koesoemoboedaja, iku satemene mung pangaran-aran bae, sarehne mung pangaran-aran lan sanyatane ora ana, la apa bisa mobah-mosik. Sing mobah-mosik mau mesthi SING ANA, dudu sing ora ana, dudu sing mung pangaran-aran, dudu sing kedadeyan, dudu sing daden-daden. Mula wis mesthi SING DADI. Iya iku ...................
12. Salugune sumuruping menungsa marang RASA JATI iku saka sirnaning panganggep marang anane dhirine, kongsi luluh woring salulut nunggal pasatowan ......... tanpa ........... sinedya. Mula angger nganggo sedya lan karep iku mung dadi tutup. Mangka saben niyat, karep, sedya iku mung tetep dadi awak-awak. Mula prayogane sing tata, titi, taliti telaten nganti atul merdika lan .................. meneng.

13. Ananing alam-alam lan makhluk kang maneka warna, kang kasar lan kang alus iku kabeh ciptaning Pangeran. Tegese yen Kahanan Jati ora nyipta dadi marang bumi, langit, lintang, rembulan lan planit-planit liyane, galaksi, jin, peri lan sapanungalane, wis mesthi kabeh mau ora bakal ana. Yen isih kacipta iya isih ana, mari kacipta iya mari anane.

14. Nyawaning manungsa iku pirang-pirang jinis, lan mahanani rasa pangrasa warna-warna, iku ciptan kabeh, kang kumambang ing rasa sejati, kayadene gambar kang ana ing pangangen-angen kumambang ing angen-angen.

15. Menungsa iku padha duwe daya dhewe-dhewe sarta padha nglungguhi alame dhewe-dhewe, awit saka iku manungsa padha bisa manjing ing alam rupa-rupa. Endi kang gedhe dayane iya iku kang narik, kuwawa narik jiwa-jiwa luhur utawa titah alus marang alame. Dadi kang cilik dayane iya banjur ketarik utawa korup, iya iku ora rinasa anane (kaling-kalingan).

16. Menungsa kang gedhe dayaning pikire, gampang banget manjing ing alam pikiran, banjur daya dinaya karo titah kang nganggo badan pikir. Yen kang gedhe dayaning budine, gelis banget bisane lumebu marang alam budi, mangkono lan sakpiturute.

Kang mengkono mau wujudake titah kang beda-beda badane, dhewe-dhewe alame sarta tundha-tundha martabate, ana kang sinebut manungsa, jin peri, kewan, gandarwa, brekasakan lan ana sing luwih luhur maneh, luwih alus maneh martabate. Ananing makhluk utawa titah maneka warna mau becike ora di anggep anane, awit andhakane keliru surup, luput ing panyakrabawane. Kajaba saka iku mungguhing Kajaten, kabeh mau dudu wujud, mung wujudan utawa kedadeyan utawa daden-daden. Becike menungsa ora percaya marang kahanan kang ora sejati, suprihe aja kongsi dadi gagasan, ngreregedi lan ngreridhu.

17. Sadurunge manungsa nggayuh kasampurnan, wajibe nggayuh kasucen lan kawicaksnan luwih dhisik. Dene patrape ngurip-urip dayaning budi sarta ngilangi dayaning nafsu kang ala.

18. Urip, iku marga saka kereping kaempakake : Kendho utawa ora makarti amarga saka kuranging empan. Wondene mati saka ora di empakake dayane.
19. Saben tuwuh kekarepan, wewekaa sarana karasakake, apa saka dayaning budi, apa saka dayaning nafsu. Menawa saka dayaning nafsu, aja ditanggapi. Dene menawa tuwuh saka dayaning budi, sanadyan badan utawa awak-awak, liyane lumuh, prayogane di tanggapi, manawa bisa ajeg mangkono, suwening suwe budi kang gedhe dayane.

20. Angen-angen iku mengkoni karep, manuta pituduhing budi enggonen mranata nafsu suprihe mandhiri.

21. Sejatine menungsa iku padha nunggal kahanan jati Kang Jumeneng Pribadi, nanging rasa-pangrasane padha pisah-pisah. Dadi tetep nunggal Kang Mengku nanging kang kawengku pisah-pisah. Sarehne kang kawengku mau sejatine ora ana, dadi yen kang kaesthi mung SING MENGKU, dhirine SIRNA. MUNG KANG MENGKU KANG ANA. Dene yen kang kaesthi dhirine, kelangan KANG MENGKU, nanging salugune tela-tela, iya iku kang karan sulap.

22. Kang disebut Ingsun, Pribadi, Dhawak, utawa Aku,
Iya iku kang mengku marang rasa pangrasa,
Iya iku kang den arani Dat kang wajib anane,
Iya iku kang ora arah ora enggon, nanging saben enggon kaenggonan,
Iya iku Kang Lembut Tan Kena Jinumput, Gedhe ngemperi Jagad,
Iya iku Kang Tan Kena Kinaya Ngapa,
Iya iku Kang Langgeng Tanpa Kawitan Tanpa Wekasan,
Iya iku kang aran Kahanan Jati,
Iya iku Kang Tanpa Warna Tanpa Rupa nanging sakabehing Warna lan Rupa iya iku RUPANE,
Iya iku Kang Tanpa Timbangan Tanpa Lawanan,
Iya iku Kang di tresnani dhewe dening sagung dumadi,
Iya iku Kang binasakake KOMBANG MANGAJAP ING TAWANG,
Iya iku KANG AMONG JIWA,
Iya iku KANG NGECET LOMBOK,
Iya iku kang aran JATININGRAT,
Iya iku kang dumunung ing poking batin, kang mengku marang batine sakabehing titah,
Iya iku kang ora Kejaba kang ora Kejero,
Iya iku Tengahing Arah,
Iya iku kang nguripi siji-sijining nyawa kang sumandha ing badan,
Iya iku Kang Mangerani Alam saisine kabeh.

23. Sing sapa nggayuh kawaskithan utawa kaluwihan, mangka ing batine dhemen marang pepandhingan dhiri, dening anggone waskitha utawa duwe kaluwihan, sanadyan tetesa, iya isih dadi tetimbanganing dhiri, amarga kahilangan Pribadine, dening korup ing dhirine. Kang mengkono mau awit angesthi marang adeging dhiri, ora ngesthi marang Kang Jumeneng Pribadi ; samangsa ngesthi jumeneng Pribadi mangsa gelema ngengkoki marang sawijining dhiri, awit Pribadi iku jatine sakehing dhiri-dhiri, mula uga sinebut Sang Maha Dhiri, saengga dhiri-dhiri iku ora pisah amarga kawengku ing Sang Maha Dhiri kang tan pilih asih, jalaran Tanpa Timbangan Tanpa Wangenan.

24. Sarupaning titah iku wajibe ngluhurake PRIBADI kang mengku marang rasa pangrasane. Iya pribadi iku kang di senengi dhewe dening sarupaning makhluk, di tresnani dhewe, di puji-puji sarta di sembah-sembah dening sagung dumadi.

25. Akeh-akehe makhluk padha ora awas marang Pribadine, wekasan kaliru ing penganggep, iya iku, dhirine di sengguh Pribadi, amarga pancen angel mbedakake dhiri karo Pribadi iku.

26. Kang aran Aku iku dudu badan, dudu rasa, dudu angen-angen, dudu budi, dudu nyawa. Badan, rasa, angen-angen, budi, nyawa iku kabeh pirantine wadhaging alam kang kawengku ing Aku, dadi Aku iku wengkune.

27. Rasa-rasaning manungsa iku ora kena di anggo nyatakake wengku mau, mula wajib-wajibing wajib nyawa-nyawa mung SUMUNGKEM, gumulung lenyep utawa luluh ing poking batin, semono uga sakabehing rasa-pangrasa mung kudu gumulung marang poking batin, mengkono iku wajibing nyawa.

28. Nyawa kang lagi lumaku saka lahir marang batin, ora kena ora, rasa kang sumebar ing saranduning badan sangsaya kukud, sangsaya santosa mariku, sangsaya akeh rasa kang kukud, lire sangsaya ngedohi kelahiran nyedhaki marang b a t i n . Bisane santosa ora liya jalaran saka kerep kaempakake dayane ginawa lumaku saka lahir marang batin, iya iku SEMBAH HYANG.

29. Lakuning nyawa saka lahir marang batin mau menawa lestari ajeg, tegese tata titi teliti telaten nganti atul, saya suwe saya mayar, awit tinulungan dening dayane Kejaten jinurung ing PRIBADI, wekasan nyawa ora migunakake dayane babar pisan, mung maligi dayaning Kejaten.

30. Nalika rasa pangrasa durung nirmala, iya rasa pangrasa iku kang disengguh pribadi dening rasa pangrasa, tegese si rasa pangrasa ngaku-aku supaya di anggep : AKU. Dadi cetha menawa rasa pangrasaning manungsa iku tetela pancen ora bisa weruh marang Kang Mengku. Anggone ngrasa jebule malah ngaling-alingi dadi tutup.

31. Menungsa bisa weruh marang Kang Mengku, ora liya kejaba yen ora ngrasa, iya iku rasa pangrasa bali marang Kang Mengku ( Pribadi = Rasa Sejati).

32. Menawa menungsa wis ora kaling-kalingan dayaning rasa pangrasa, mung Pribadi kang ana, ing kono lagi weruh DHEWEKE, iya iku Kang Darbe rasa pangrasa.

33. Menungsa nuju poking batine dhewe, salugune menungsa mau ngener marang batine menungsa sa-Jagad, awit poking batine sok-uwonga iku iya poking batine titah kabeh.

34. Satekane menungsa ing poking batine, si menungsane wis ora ana, tegese luluh marang Pribadine, mula banjur kagentenan anane Pribadi, kang nalika iku nembe mengku marang batine sakabehing dumadi. ( Awas, tembung nembe tumrape Kejaten ora wiwitan ora wekasan ).

35. Sayektine ora ana nyawa madeg dhewe, mesthi gumantung ing Kejaten, semono uga Kejaten uga ora bisa tinggal nyawa, karo-karone tetep tinetepan, lebu-linebu, nglimputi lan linimputan.

36. Sarehning Kejaten iku Wengkune sakabehing nyawa, mula kowe ora susah ngeling-eling bisane mengku marang alam, sungkema marang Pribadine bae. Menawa lakuning nyawa wis tumeka ing poking batine, wis mesthi mengku marang sakabehing nyawa.

37. Menawa angen-angenmu pinuju meneb, karana nafsumu panuju lerem sarta ora tuwuh osikmu kang mangro mertelu, ngemungna osik sawiji kang mulya, iya iku osik kang lerege mung tumuju marang Kajaten, kang kaya mengkono iku tegese kowe wis ndungkap tumeka alam budimu, angen-angenmu karasa wening lan padhang.

38. Yen kowe temen nggayuh kasunyatan, aja ngendel-endelake gurumu, ngelmu utawa layang, nanging pulasaranen dhirimu kanthi mesu brata tansah mahas ing asepi, tegese tansah ajeg sembahhyang kanthi tarakbrata lan tapabrata, laku ngurang-urangi lan laku suci nyucekake ati. Guru minangka panuntun kang ndunung-ndunungake.

39. Tipising hawa nafsu kanthi kandel kumadeling kapercayan marang ora ananing apa-apa saliyane Pangeran Kang Ginusti, iku ngedohake godha rencana, cepak karahayone tumrap saiki apadene mbesuk.

40. Swarga neraka iku yasaning ati, awit saka iku tapabrata utawa laku suci mbenerake lang ngresiki ati aja nganti kelepaetan dening apa bae, iku banget perlune.

41. Aja nganti kabotan katresnan marang samubarang daden-daden, nanging : TRESNAA marang SING DADI, tanpa gething marang kang daden-daden, sabab ing kono ana ...... SING DADI.

42. Kang di arani daden-daden iku mangkene : Sak durunge Soerjabrata iku ana, kang ana jatine utawa pribadine si Soerjabrata. Sababe durung ana awit jati mau durung Nyoerjabrata, bareng jati mau Nyoerjabrata, pa Nyoerjabratane mau mujudake daden-daden kang di parabi si Soerjabrata. La suwene ana enggone Kasoerjabratan mau mung sajerone wektu kalane JATI isih Nyoerjabrata. Menawa jati leren enggone Nyoerjabrata, daden-daden kang di parabi Soerjabrata mau ........ora.....ana.

43. Menungsa saya pinter lan bisa nyilah-nyilahake dhiri lan Pribadi, saya suda watake kang kumudu-kudu ngluhurake dhirine, amarga banjur maligi ngengkoki JATINE sakehing dhiri. Kang mangkono mau gedhe banget dayane, kuwawa nyirnakake wewatekan lan kelakuan kang ala ganti marang watak lan kelakuan kang becik iya iku : SABAR, WELAS ASIH, SUMELEH, LILA LEGAWA, AYEM, TENTREM, NARIMA, MOMONG, MOMOT, KAMOT lan sapiturute, wasana BUDINE WENING.

Mula kena sinebut sadurunge sarira bathara wus ngrasakake RASA MULYA, nikmat mupangate ngungkuli wong luhur lan sugih. Piweling, poma di poma, becike kowe aja pegat eling lan tansah ngesthi Pribadi Kang Ana. Dene dhiri iku sipate Pribadi.

44. Kang di arani Nyawa iku uriping Rasa, wondene kang diarani Rasa iku pertandaning Nyawa. Lire : mulane bisa ngrasa amarga urip, tandhaning urip buktine bisa ngrasa.

45. Nyawa iku diyan cahyaning Suksma iya iku sipating Kejaten.

46. Dene rasaning menungsa iku ana telung golongan, iya iku :
1. Rasa, rasaning badan wadhag.
2. Rasa, rasaning ati.
3. Rasa, rasaning engetan.

47. Dadi menungsa iku mengku URIP tetelu, iya iku :
1. Nyawaning badan, lumrahe mung di arani : RASA.
2. Nyawaning ati, lumrahe mung di arani : ATI.
3. Nyawaning engetan, lumrahe mung di arani : BUDI.

48. Mula adeging menungsa iku wor luluh saluluting rasa tetelu : Budi, Ati, Rasa.
Rasa kang dadi manggalaning urip ing ngalam donya.
49. Budi, Ati, Rasa, sanadyan mengkonowa padha urip ing alame dhewe-dhewe :
1. Alaming Budi di arani GURULOKA.
2. Alaming Ati di arani HENDRALOKA.
3. Alaming Rasa di arani JANALOKA.

50. Budi palenggahane ing mustaka, telenge ing dimak utawa uteg.
Ati palenggahane ing dhadha, telenge ing Jantung.
Rasa palenggahane ing badan sekojur, telenge ing Konthol/padonan.

51. Menungsa urip ing alam donya iku sejatine kang dumunung ing alam donya mung badan wadhage, iya iku uriping rasa badan kang wadhag. Dene atine ora melu neng alam donya, dheweke tansah urip ana ing Hendraloka. Wondene budine tansah urip ana ing Guruloka. Kauripan tetelu dadi siji nanging ora gepok senggol. ELOK.

52. Mumpung kowe isih urip ana ing ngalam donya prayoga lan becike padha ngudiya weninging budi dimen slira wicaksana. Sabanjure padha nggayuha kasampurnaning urip tumuju marang kamardikaning kejaten.

53. Patrape ngudi weninging budi tumuju mring kawicaksanan :
1. Manut marang budine, awit budi iku mesthi benere.
2. Uriping ati ora di empakake dimene turu.
3. Uriping rasa uga ora di empakake dimene lerem.
Urip, amarga dayane kerep lan ajeg di empakake. Turu lan lerem/menep awit dayane ora tahu utawa babar pisan ora diempakake. Sanadyan uriping ati lan rasa turu lan lerem, sejatine sayaning uripe ora ilang apa maneh mati, mung ngalih enggon bae banjur nguripi budi. Tundone dayaning budi dadi gedhe, mulane budine PADHANG, nuli wicaksana. Turuning ati lan rasa manjing ing alam lerem, mulane banjur tentrem lan ayem.

54. Menawa kang gedhe uriping rasa, menungsa korup ing rasa, banjur rumangsa ana ing Janaloka. Adate nafsune iya dadi gedhe, banjur dhemen banget saresmi lan liya-liyane.

55. Dene yen kang gedhe uriping atine, menungsa banjur korup ing ati, nuli rumangsa ana ing Hendraloka. Atine dadi landhep, malah sok-sok kelandhepen.

56. Wondene menawa kang gedhe uriping budi, menungsa banjur korup ing budi, nuli manjing ing alam budi, tansah rumangsa ing Guruloka, aran SARIRA BATHARA. Yen wis Sarira Bathara banjur wicaksana, dalan marang kasampurnan.

57. Bisane mangkono, mung kudu kanthi tekad kang bener marang Kahanan Jati, iku gedhe banget dayane, jalaran tekad kang bener marang Kahanan Jati iku mahanani kandel piandeling patrap :

1. Nyirnakake anggep kumingsun, gumedhe, kuminter, gumisa, kumawasa, kemethak, kumenthus lan sapanunggalane. Menungsa kang bener mungguhing panganggepe marang Kahanan Jati, lakune satindak lan ujare sakecap tansah katitik saka ing pasemon yen sepi saka ing pamrih, tegese sepi saka ing panganggep mitongtonake dhiri, jalaran rumangsa yen dheweke lan kabeh mau dudu kahanan kang sejati lan bakale mesthi sirna.
2. Nyirnakake watak melikan, penginan, sugih pekareman lan sapanunggalane, kasurung dening rasa rumangsa menawa donya iki luwih dening sepele tur mung sedhela, awit pancen dudu Kahanan Jati. Dheweke Kang Sejati, Langgeng ana ing alam langgeng lan kasukcen, ora butuh apa-apa.
3. Nyirnakake watak gethingan, dahwen, panasten, atiopen, murinan, sugih duka lan sapanunggalane, karana rumangsa yen dhirine padha karo dhiri-dhiri liyane, sarta maneh kabeh mau dudu Kahanan Jati.
4. Nyirnakake watak kagetan, gumuman, gimiran, samaran, uwas, sumelang, ngresulan lan sapanunggalane, ait saka kandel piandele yen DHEWEKE KANG SEJATI iku ora ika iku, kabeh penggwe saka dheweke anggone nindakake wet/hukum/waton, adil marang sakabehing sipate. Kajaba saka iku ing donya iki ora ana kang langgeng kajaba mung DHEWEKE KANG SEJATI.
5. Nyirnakake watak dhemen goroh, clemer, colong jupuk, apus krama lan sapanunggalane, karana saka rumangsa menawa goroh, clemer, colong jupuk, apus krama lan sapiturute mau agawe GROWAHING ATINE dhewe, sarta maneh tuwuhe mung saka pamrih kang banget anggone sepele.
6. Nyarirani watak lembah manah, welas asih narima, ayem, tentrem, sabar, sumeleh, lila-lila legawa, temen lan setya tuhu marang sapadha-padha, lan sapanunggalane, jalaran weruh rumangsa lan mangerti yen wong liya iku iya padha awake dhewe ; Kabeh wong sipate dhewe, kabeh rasa : rasane dhewe, apa maneh dhirine iku dudu SANG MAHA DHIRI KANG BENER ING BENER.

Kang kasebut ing siji tekan nenem ing dhuwur iku, dayane mbeningake BUDI, beninging budi ndadekake AWAS marang dalan kang tumuju marang kawicaksanan, kawicaksanan dadi dalan marang kasampurnan.

58. Cekake menungsa nggayuh marang padhanging budi : kudu mbirat reregeding ati. Patrape ambirat reregeding ati, mung kudu padhanging budi. Karo-karone kudu tumindak bareng.

59. Dadi nggayuh pepadhang kanthi ambirat reregeding ati : kudu bener panganggape mungguhing KEJATEN. Wondene bisane bener panganggepe mungguhing Kejaten, saranane iya kudu ambirat reregeding ati kanthi madhangake BUDI. Karo-karone tetep-tinetepan kaya lakuning Kreta lan Rodhane, suwe-suwe rodhane mubeng dhewe.

60. Menungsa ngarani, mung oleh : ARAN. Menungsa nyipati, mung oleh : SIPAT. Menungsa ngrasakake, mung oleh : RASA. Aran, rasa, apadene sipat iku dudu DAD (Kejaten), dadi : Dad iku ora kena di arani, ora kena di rasakake, lan ora kena disipati, cekake : ............ CEP tan kena kinecap, tan kena cinakrabawa, tan kena kinaya ngapa. Kenane mung di nyatakake nganggo kejaten, tegese nganggo gaibing rasa utawa RAGA SUKSMA.

61. Ana iku gumantung ing pangesthi, sirna gumantung ing lali, awit saka iku menungsa kudu duwe penganggep marang : ora ananing apa-apa kajaba mung DAD (JATI), kamangka DAD ora kena cinakrabawa, ora kena kinaya ngapa. Semono werid, rungsid, alus, eloke, lembut lembuting lembut.......................

62. Kang den arani penganggep iku satemene PIANDEL, tegese penganggep utawa piandel iku : adheping rasa pangrasa marang poking batin, lire rasa-pangrasaning menungsa ora nyakrabawa apa-apa, anane mung madhep mantep marang batin lan lumaku saka lahir tumuju marang pusering batin, batining batin, Sing Yasa Batin. Iya lakuning batin mau kang di arani TEKAD...... ( LENG ) ...... Yen rasa wis tekan ing pungkas-pungkasing batin, ing kono Rasa lagi bali marang Gaibe. Supaya lakuning rasa-pangrasa ora menggak-menggok : saranane rambatan talining urip, kang anggandheng uriping dumadi lan urip kang langgeng ............ (napas)............ kanthi atul. Uga bisa mateg Sastragunatalikrama ................ kramaning ngaurip. Iku mau minangka pandom utawa r a m b a t a n e. Menawa lestari lakune lan kukuh anggone cekelan wateg mau, padha sakala sirna ayang-ayangan sajroning pangilon, kari pangilone kang ana. Yen wis weruh pengilon sepisan wae, sabanjure iya pengilon iku kang tinuju. Wekas-wekasane nuju marang KANG NGILO.

63. Lumaku saka lahir marang batin iku ora nanggapi sarupaning kang katon gumelar utawa kang karasa ing jagad gumelar apadene ing jagad alus, ora nggagas, ora mikir ora ngrasakake lan ora keturon, pokoke ora nanggapi sawiji-wiji, anane mung ELING tanpa pedhot marang lakuning napas kanthi sastragunatalikrama.

64. Kang den arani Sastragunatalikrama iku puji-pujian minangka talining rasa eling marang Panjenengan dalem Gusti Ingkang Maha Tunggal.

Mangkene unine :
Manut lebu wetuning napas : menawa napas lumebu, ing batin muni = HU ......
HU iku tegese HURIP PALENGGAHANE HYANG KANG TANPA WANGENAN, iya iku Ingkang Murba misesa Jagad Traya sa-isine kabeh, sing di pundhi-pindhi, sing di tresnani dhewe dening sagung dumadi, Kang Among Jiwa, Kang Ngecet lombok, iya Jatiningrat kang binasakake Kombang Mangajap Ing Tawang, Ingkang Yasa Gesang ......... lan sapiturute.
Dene menawa napas metu, ing batin muni : YA ........ tegese SAHIYA. Lire mungguhing menungsa mung kudu tansah MESTUTI marang PANJENENGANE, mestuti marang GUSTI PANGERAN INGKANG MAHA YEKTI.
Mungguhing Panjenengan dalem Gusti Ingkang Maha Kuwasa kabeh-kabeh wis ginelar sarwa hiya, gumantung menungsane anggone tansah ajeg marsudi kanthi sembahhyang ajeg.
Sembahhyang iku sawijining pratrap kajiwan lungguhing kasuksman, menungsane munjuk marang PANJENENGAN KANG YASA........ Tanpa karana ....... : ”Dhuh Gusti kula sumanggakaken jiwa raga, pejah gesang, nyawa sukma lan sedaya tanggel jawab kula, kula sampun rumaos lepat, klinta-klintu, tanpa daya lan mboten saged punapa-punapa. Inggih namung paduka Gusti piyambak ingkang wajib kula sembah, awit kula mangertos lan pitados bilih paduka gusti Maha Kuwaos, Maha Luhur, Maha Mulya................”
Patrape kanthi lungguh sila merdika, salira sarwa logro.
Papane sing resik, sandhang menganggone sing resik, jiwane sing resik, keblate ngener poking ati. Wektu suwening Sembahhyang manut kekuwatan lan kahananing swasana.



(sumber : Kitab Wawasan Pandam Pandoming Gesang Wewarah Adiluhung Para Leluhur Nuswantara Ngudi Kasampurnan Nggayuh Kamardikan)

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More