Pages

Thursday 24 February 2011

kumpulan geguritan jowo



Eluh iki wis gak nate tumetes..
prasasat garing najan ing mongso rendeng.
Jembaring tegal wus tak pecak i..
Dawaning dalan wus tak lakoni..

Ananging...
Durung ono gegayuhan kang rinengkuh..
tumraping sangu ing mongso sesuk..
opo maneh kanggo darmo bhekti maring nuswantoro.

duh Gusti Akaryo Jagad..
Mugi Panjenengan tuntun kawulo dumateng margi ingkang lere...



  SEPI

iki sepine sopo?
kathik ono sepi sepo....

langit peteng kagubeng dening mendung....
tanpa angin tanpa wicara...
tanpa lagon tanpa gending...

yen sliramu isih rumongso tresno
gunemu bakal dak anti...
nadyan getir rasaning ati....

sepi....
iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo...

2 comments:

sip..... wong Jawa pancen kudu tansah nguri-nguri budaya lan sastra Jawa supaya ora kelangan jati diri

sip saya suka artikel seperti ini majukan generasi muda bro

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More