Pages

Friday 11 February 2011

BINGUNG GANDRUNG

Bebarengan tresnaku sing tak empet
Aku mung iso nulis puisi iki kanggo awakmu
Mugo awakmu gelem moco sak tutuke layang iki 
Aku Gandrung Tapi BINGUNG
 
 
 
 
Ngerte nono sakjerone pikirku awakmu iku paling apik dewe,ayu dewe yo pokoke juoz dewe.
Awan bengi,isuk sore ora ono sing gemawang nang mataku kejobo mung awakmu
Ibarat madang ora doyan,
ora jenak dolan nang omah yo bingung 
Pingine mung nyawang awakmu,cedak awakmu 
 
Mangan ora mangan yo karo awakmu 
Gunung beledos aku ora wedi,segoro banjir tak langeni, 
Adoh tak parani,Ilang tak goleki. 
Nanging aku ora iso leh ngucapne.

Yen yawang awakmu wae aku wis gemeteran. 
Budal wareg muleh luwe kelar dredeg. 
Budal adem kelar jaketan,mulih gobyos kelar dleweran. 
Wes cukup sakmene disik ya…
aku wis kentekan ukoro gawe awakmu 
umpomo gelem nompo tresnaku.
 
 
 MEDION   12  02  2011
SUMBERE   : http://abunawas.co.tv/category/puisi-jawa/
 

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More