Pages

Saturday 28 May 2011

Getireng Athi

Ati kang nandang getir
mesthi anggegulang amrih tatag-teteg yen tan rajang prahara.

Tembung kang njendhel-kenthel bisa cuwer-ajer
kanthi alusing wicara lemes lumering sutra ngeyomi dhuhkita ing jiwa.

DHEDHETING RATRI kang ngrumpaka peteng mesthi bakal mungkur
dening oboring cahya rembulan nabrak adarati
ngupadi lowahan niliki sang Pungguk kang tansah kangen, lara branta.

Sabanjure……. awan wus jalma, ngowahi punjering sukma
kadya antenging tirta ing tlaga biru
nglurubi sekeling driya
karana kangene durung kawales.

      Entenana, dhuh ati……..
arep ana warta saka kadohan anitip weling
yen kluwung ngarak dewangkara nyuluhi ESEME
gawe angeting kangenmu.

Siti Fatimah Ahmad

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More