Pages

Saturday 23 April 2011

KUMPULAN GEGURITAN JOWO


BAUNGE  ASU  GEDHE
 Baunge asu-asu gedhe iku ndadak pijer mancal pundhak
Tegel nyakar semut-semut kekitrang sing ngelak katresnan
Asu edan iku saben wektu tansah rebutan balong kopong
Balung-balung rucah kang ngganda bathang nduleg

Asu-asu gedhe iku wus adol panguwoso serik
Seng kabuntet iket  sutra kembang jambe
Dhemen cecakaran adol gunem turah jegog
Sing ndelik ing walike seloka sandi

Asu-asu ajag iku pijer ngemut legining angka madu
Ngingis-ingis siyung ndhakuri slendang kawibawan
Pengen ndhudhahi pendheman lawas tanpa tilas
Nganti ngregeti pengadilan asu ngoyak asu
Asu-asu njegogi maling-maling asu alok asu
Asu ngawot-awot kertas asu adol lambe
Emboh tekan kapan pijer ngendelake baunge

Dicoppy: SUWARDI ENDRASWARA

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More