Pages

Tuesday 1 February 2011

SABAR




Gampang diucapake
Angel nglakoni
Sesambungane manungsa
Marang titahing Allah
Gumelaring alam donya




Kodrating kanggo manungsa
kodrate manungsa titah sampurna
minangka khalifah
sadurunge marang wong liya
dhiri pribadi kang utami kedah dipunkendhali
ngilangaken drengki, srei, meri, sajroning ati
nalika ngupaya boga
kanggo sanak kulawarga
ana tangga, kanca, lan wong liya
donya brana mung saderma
sarana kanggo munggah swarga
sabar ora ana watese
gampang diucapake
angel kelakone
sesambungane manungsa marang gusti
kudu dipredi saben hari
sembahyang ora keri
manembah ora kandheg sajrone lathi
nyata kelakon sajrone urip bebrayan iki
eklase kaya iline banyu kali
lumaku ora bakal bali
Wiwit saiki
ayo digawa tumekane pati
lamun isih muring
sabar kang digoleki
durung ketemu hakiki
pangridune setan tiada henti
marang neraka geni.

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More