Pages

Jumat, 06 Juli 2012

MANGSA NGERTIA

Ditangisana mangsa`weruha
dioyak mangsa ngertia
ora bakal mandheg tumoleh
saderma miling tembung warisan
 

Ora kleru, ngetut lakune jaman
mbujung impen lan kekarepan
awit jantraning ngaurip
manut obah osiking kahanan
 

Pitakonku
nganti kapan anggonmu lumayu
nganti ancik-ancik menara gadhing
 

Ngemut legine gula
eman nglepeh yen manis dirasa
 

Oja dadi pepalang tembung kang karungu
terus, terusa jumangkah
mapag esem guyu
wanti-wanti elingku: keduwung tibane mburi.

(PS-24/2007)

YEN SABEN KANGEN

Yen saben kangen tambane rangkul-rangkulan
sliramu lungset ing rangkulanku
yen saben kapang obate ambung-ambungan
lambeku memet jroning lambemu
yen rangkul-rangkulan lan ambung-ambungan
 
Wis dadi pakulinan
apa wis tuntas kangen lan kapang?
kulitku lan kulitmu sakala mlepuh
jalaran kulit kesinungan rasa
 
Mula lilakna kangenku angkrem ing angen-angen
lan kapangku ngrembyang ing awang-awang
amrih kulitku lan kulitmu tetep jinaga
ora kobong dening ubaling geni asmara

(antologi Pisungsung, 1995)

SINAU MARANG ALANG-ALANG

Pingin dak cecepi embun kang mrentul
ing saben pucuk alang-alang
supaya ati tansah teles memes
sak durunge srengenge jumedhul
nyebar cahya marang sesuketan
sak durunge sumelet nrobros dhadha
gampang rengka
 
Sak durunge dhadha rumpeg gampang cubriya
sak durunge ati runtik lan melik
 
Embun-embun nelesi gegodhongan saka lebu
aku lingsem kaya watu-watu
ndlesep nylamur pandulu
ing sangisore ngrembuyung alang-alang
 
Dudu alang-alang kang ngumpetake watu-watu
memalangi ombere alang-alang
lemah-lemah kang kena pepalang
kanggo pandhelikan satu gegremetan
 
Pengin dak cecepi embun kang mrentul
ing saben pucuk alang-alang
supaya ora gampang sesatru
marang watu-watu.

(Jaya Baya 07/Okt, 2008)
(Alie Emje)

TEMBANG TENGAH WENGI

Angin sumilir mbeset kulit
Ing tengah wengi kang saya wingit
Bun padha kumlawe ngawe-awe
Jangkrik wis leren ngerik
Mung manuk dares sing isih methangkring ing kabel telpon
Ngarep kontrakanku…

Kanca-kancaku wis padha turu
Kari aku ing ngarep komputer
Ngrungokake sekar macapat

Ing tengah weng iki
Pamujiku muga ora lali
Marang omah iki
Sing nguntabake sakabehe pangimpen
Dadi kasunyatan jati.
 
(Andi Kosim)