Pages

Senin, 25 April 2011

GARA GARA BAKAL TUMAPAK


nuswantara kang nandang prihatin
akeh kawula cilik kang lungguh dingklik ongklak-angklik
disenggol sithik njempalik
akeh para penggede lungguh ongkang-ongkang angedangkrang
nglumpukake bandha tanpa kendhat
lali purwa duksina

kawula cilik uripe kesrakat
di men padha gelut, paten pinaten
ludira wus kebanjur tumetes, sukma wus kebanjur pecat
apa wus wancine surup lan teka titi mangsane?
gara-gara bakal tumapak?


Di Coppy : Ki Gede Maymintaraga

IMPEN SARWA BISU

Sliramu
mau bengi teka ing impenku
tanpa gunem tanpa esem
lungguh ing ngisor wit pelem
aku amung bisa nyawang saka kadohan
uga tanpa gunem tanpa esem


ana rasa rinujit ninggalake tatu
apa kapangku kudu tak bungkem
ana saktengahing petenging wengi
impen sarwa bisu
nggoda kapangku sing wis tak pendem jero

impen tanpa gunem tanpa esem


Di Coppy : Ki Gede Maymintaraga

Ing Taman Tanpa Rembulan


Dak waca layangmu
kang mau sore tumeka
nalikane angreronce wewayanganmu
kang dumadakan terwela kagawa
kekesing angin sore mangsa ketiga
isih ana taman iki kang dadi seksi
kala samana angrantu janji
tumekaning purnama sidi
aku lan sliramu sesandhingan
engga madyaning ratri

ora lila sajroning rasa
ing nalikane esuk tumeka
buyarake gedhene kahyuna
kamangka ingdalem sawengi
namung peteng lan arum ganda mlathi
kang angambar sajroning ati
ngetutke lumayune rodha
ninggalake taman gegandhengan
miyak rasa tumuju kisik segara

kembeng kaca kaca nalika
abot ngeculke tangan
kang keket gegondhelan
pamitan yen iki dina pungkasan
ewuh aya pambudiku ninggal rasa
lan kaca kaca purwa
binarung kidung asmara dahana
dumadakan mangsa sandya kala
layangmu tumeka
kandha yen isih tresna